Jati
Utami
Obrolan
ngeneki sastra basa jawa nang Warung Boenga Ketjil sore iku tambah bengi tambah
rame ae. Di wiwiti maca cerkak “ Mak, Sayak lan Hem Kotak-kotak” karangane
Anjrah Lelono Broto dening Andhi Setyo Wibowo ( Cak Kephix ) , omong-omongan
terus mili saut-sautan teka kanca-kanca sing macem-macem penggaweane. Ana
pelakon nang kasusastran ambek seni budaya, uga ana sing seneng nggatekna nang
mati uripe basa Jawa.
Pak
Robin Al Kautsar negesi nek basa Jawa sak iki ora iso ngukup kanggo nerangno
perkara sing konseptual. Awake dhewe kudu trima nek sak iki basa Jawa malih kanggone mek dadi basa “pergaulan”
ambek basa “etika”. Kongres Pemuda, 28 Oktober 1928 dadi salah sijine pijekan
sing nyekseni cikale basa Indonesia sing minggirno kemampuane basa-basa daerah,
klebu basa Jawa. Mula isa di arani nek “kekuatane” basa bakal iso mlaku nek
onok sokongan teka sisi politis, Onoke super struktur penguasa iso mekso
pakulinan bebasan e rakyate.
Jabbar
Abdullah nambahi, umume wong sak iki rumangsa kangelan nulis kalimat nganggo
basa Jawa, iso-isone akeh seng keliru neng penulisane, basa lisan di jarwakna
dadi basa tulisan.
Mbak
Puspita Indriyani ngomong, masiyo kanggone sadina-dina basa Jawa wis luntur neng
pepakon ukara jawa sing adiluhung, yaiku kanggonane krama inggil, tetep ae wong
sak iki isih nganggep luwih trep mantep nek pas duwe gawe utawa kajatan nganggo
pranata cara basa Jawa.
Neng
pametrapan wulang bebasan ndik sekolah, mbak Iin, celukane guru basa Jawa salah
siji SMP Negeri ndik Jombang iku kandha nek murid-muride wis mulai di biasakno
ngrungokno crita basa Jawa teko gurune. Sak wise iku, murid bakal di tugasi
nulis crita cekak, geguritan, naskah pidato sampek naskah carita basa Jawa.
Pak
Robin kasil nyentil pamikiran kenek apa basa Jawa kulonan mesti dadi punjer e
basa Jawa, kabeh olah bebasan bakale di anggep adi luhung yen laras pepangkon e
basa Jawa kulonan alias Jawa Mataraman. Basa Jawa Wetanan, khususe Jombangan
sakjane yo ora kalah endah lan sugih neng ukara ambek dialek.
Pungkasane
Anjrah Lelono Broto maca cerkake sing judule “Besut Selingkuh” sing di racik
nganggo basa Jombangan campur basa Kulonan dadi runtute lelakon sing manis,
nakal lan kasil nglebokno kontekstual Jombangan kacetak neng salah sijine
majalah basa Jawa.
Wong
tuwa sak iki akeh sing ora paham olah bebasan Jawa krama madya opo maneh krama
inggil. Supaya ora salah papan anggone ngecakno basa Jawa, akeh wong tuwa luwih
milih ngulinakno basa Indonesia nang anak-anake sakiki.
Mula
suk emben ora perlu ngresula ambek maido sapa-sapa nek basa Jawa bakale ilang,
iku salah sijine simpul obrolan bengi iku.
Jombang
24 Februari 2016
Tidak ada komentar:
Posting Komentar