Jumat, 16 Februari 2018

SelaSastra Boenga Ketjil #2 Moco Cerkak "Emak, Sayak lan Hem Kothak-kothak"

SelaSastra Boenga Ketjil #2 Moco Cerkak 
"Emak, Sayak lan Hem Kothak-kothak" 
Pembicara Anjrah Lelono Broto, Cak Kephix, 23 Februari 2016
Ini adalah diantara cara untuk mendokumentasikan kegiatan SelasSastra yang dilakukan oleh teman-teman. Semoga upaya ini memberi dampak baik.

Basa Jawa Napak ing Mangsa Sandyakala ?

catatan oleh Jati Utami

Obrolan ngeneki sastra basa jawa nang Warung Boenga Ketjil sore iku tambah bengi tambah rame ae. Di wiwiti maca cerkak “ Mak, Sayak lan Hem Kotak-kotak” karangane Anjrah Lelono Broto dening Andhi Setyo Wibowo ( Cak Kephix ) , omong-omongan terus mili saut-sautan teka kanca-kanca sing macem-macem penggaweane. Ana pelakon nang kasusastran ambek seni budaya, uga ana sing seneng nggatekna nang mati uripe basa Jawa.

Pak Robin Al Kautsar negesi nek basa Jawa sak iki ora iso ngukup kanggo nerangno perkara sing konseptual. Awake dhewe kudu trima nek sak iki basa Jawa  malih kanggone mek dadi basa “pergaulan” ambek basa “etika”. Kongres Pemuda, 28 Oktober 1928 dadi salah sijine pijekan sing nyekseni cikale basa Indonesia sing minggirno kemampuane basa-basa daerah, klebu basa Jawa. Mula isa di arani nek “kekuatane” basa bakal iso mlaku nek onok sokongan teka sisi politis, Onoke super struktur penguasa iso mekso pakulinan bebasan e rakyate.
Jabbar Abdullah nambahi, umume wong sak iki rumangsa kangelan nulis kalimat nganggo basa Jawa, iso-isone akeh seng keliru neng penulisane, basa lisan di jarwakna dadi basa tulisan.

Mbak Puspita Indriyani ngomong, masiyo kanggone sadina-dina basa Jawa wis luntur neng pepakon ukara jawa sing adiluhung, yaiku kanggonane krama inggil, tetep ae wong sak iki isih nganggep luwih trep mantep nek pas duwe gawe utawa kajatan nganggo pranata cara basa Jawa.
Neng pametrapan wulang bebasan ndik sekolah, mbak Iin, celukane guru basa Jawa salah siji SMP Negeri ndik Jombang iku kandha nek murid-muride wis mulai di biasakno ngrungokno crita basa Jawa teko gurune. Sak wise iku, murid bakal di tugasi nulis crita cekak, geguritan, naskah pidato sampek naskah carita basa Jawa.

Pak Robin kasil nyentil pamikiran kenek apa basa Jawa kulonan mesti dadi punjer e basa Jawa, kabeh olah bebasan bakale di anggep adi luhung yen laras pepangkon e basa Jawa kulonan alias Jawa Mataraman. Basa Jawa Wetanan, khususe Jombangan sakjane yo ora kalah endah lan sugih neng ukara ambek dialek.

Pungkasane Anjrah Lelono Broto maca cerkake sing judule “Besut Selingkuh” sing di racik nganggo basa Jombangan campur basa Kulonan dadi runtute lelakon sing manis, nakal lan kasil nglebokno kontekstual Jombangan kacetak neng salah sijine majalah basa Jawa.
Wong tuwa sak iki akeh sing ora paham olah bebasan Jawa krama madya opo maneh krama inggil. Supaya ora salah papan anggone ngecakno basa Jawa, akeh wong tuwa luwih milih ngulinakno basa Indonesia nang anak-anake sakiki.



Mula suk emben ora perlu ngresula ambek maido sapa-sapa nek basa Jawa bakale ilang, iku salah sijine simpul obrolan bengi iku.

- Selamat Berkegiatan, Salam jabat erat-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar